السلام عليكم ورحكة الله
وبركاته
بسم الله الرحمن الرحيم.
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ.
وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَي أُمُوْرِا لدّ نيا وا
لدّ ين.
والصّلاة والسّلام علي أشرف الأنبيا ءوالمرسلين.
وعلي آ
له وأصحابه أجمعين , أ مّابعد
قال تعالى فى الكتاب الكريم
بسم الله الرحمن الرحيم : يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
وقال رسول الله ... طَلَبُ الْعَلْمِ فَرِيْضَةٌ عَلَى كُلِّ مُسِلِمٍ وَمُسْلِمَةٍ
Pangarsanipun, poro ‘alim ulama’
ingkang tansah kulo hormati.
Al mukarom bp. Kyai Mudrikul muna ingkang kito
tenggo rawuhipun soho mau’idho
hasanahipun.
Almukarom bp. Ky Syafii
Almukarom bp. KH. Hisyam Asyari
Almukarom bp. Mujib Hanif. Sedoyo
ingkang kito ta’dzimi
Bapak-bapak, ibu-ibu jamaah
pengaosan selapanan ingkang utami.
Wonten ing majlis pengaosan
selapanan saat meniko. Kulo lumarap atur wonten ngarso panjenengan sedoyo minongko pembagi wekdal. Sakderengipun
kulo ngaturaken menopo ingkang dados jejibahan kawulo langkung rumiyin monggo
panjenengan sedoyo kulo derekaken ngunjukakaen puji syukur wonten ngarsanipun
Allah swt ingkang sampun paring hidayah lan taufiqipun dumateng kito sedoyo,
sehingga kito waged ijabatut da’wah rawuh ing papan meniko kanti wilujeng
mboten mangge alangan satunggal punopo. Sesarengan monggo raos syukur kito
hatoraken kanti waosan tahmid: ALHAMDULILLAHI ROBBIL ‘ALAMIIN. Sholawat lan
salam mugi atur wonten ngarsanaipun junjungna kito nabi agung MUHAMMAD Saw.
Ingkang kito tenggo syafaatipun ing dino kiamat, amiin ya Robbal ‘alamiin.
Poro
rawuh ingkang kulo hormati, wondene susunan acara wonten ing pengaosan
selapanan saat meniko inggih kados padatanipun, inggih puniko no. Setunggal
pembukaan, acara no kaleh waosan ayat suci alquran , acara no. Tigo Tahlil.
Acara no sekawan sambutan bapak kadus, acara no gangsal mauidho hasanah, acara
no. Enem penutup/do’a. Hadirin hadirot ingkang kulo hormati, mekatenlah susunan
acara ingkang badhe lumampah wonten ing majlis pengaosan selapanan saat meniko,
monggo kita bikak sesarengan kanti waosan ummul kitab, kulo derekaken
لرضا الله ولي شفا عت رس ل الله صل الله عليه و سلم,
الفاتحه...
Maturnuwun, mugi mugi kanti
waosan umul kitab, waget damel lancaripun acara ingkang bade lumampah ing saat
meniko. Selajengipun acara imgkang nomer kalih waosan ayat ayat suci Alquran dumateng ingkang kajibah wekdal kulo aturaken.
Ngaturaken matur nuwun dumateng......
ingkang sampun Maosaken ayat-ayat suci Al quran, mugi mberkahono dumateng
ingkang maos sumrambah dateng kito sedoyo Amin yarobal alamin.
Acara selajengipun inggih puniko
waosan tahlil, ingkang manfaatipun dipun aturaken dateng sedoyo ahli kubur
kito. Dene imamah dipun suwunaken dateng
panjenenganipun bp........
dumateng
panjenenganipun kulo aturaken.
Ngaturaken
maturnuwun dumateng bp...... ingkang sampun kerso mimpin waosan tahlil.
Mugi-mugi mberkahono dateng sedoyo ahli kubur, amiin ya robbal alamin.
Acara
saklajengipun inggigpuniko sambutan saking wakil masyarakat dusun brigasan,
ingkakng badhe dipun asto bp. Kadus, dumateng panjenenganipun kulo aturaken.
Mekaten sambutan saking wakil masyarakat ingkang sampun dipun aturaken deneng
panjenenganipun bapak kadus, dumateng penjenenganipun dipun aturaken
maturnuwun.
Acara
selajengipun inggih puniko mauidho hasanah, dene mauidho hasanah ingkah
sepindah kulo suwunaken dumateng almukarom bapak ky.... , sakderengipun monggo
manah kito sesarengan kito bikak. Supados menopo ingkang dados dawuh
pangendikonipun waged kito tampi lan kito pahami. Dumateng almukarom bapak
ky..., kulo aturaken.
Ngaturaken
maturnuwundumateng Al mukarom ....,
ingkang sampun paring fatwa-fatwa nipun, mugi-mugi waged kito pahami lan
manfaat dateng koto sedoyo. Aamiin ya robbal ‘alamiin
Mauidho
hasanah selajengipun badhe ka asto dening panjenenganipun al mukarom bpak kyai
Mudrikul Muna, dumatheng poro rawuh sedoyo monggo kulo aturi nyekecaaken
anggenipun lenggah sesarengan nggatosaken pengendikanipun, lan saking kulo
minongko pembagi wekdal, tentu katah kekirangan anggen kawulo matur awei saking
awaldumugi akhir kulo nyuwun pangapunten ingkang katah dumateng poro rawuh
sedoyo, lan saking kawulo kulo akhiri
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله
وبر كا ته
Tidak ada komentar:
Posting Komentar